Rabu, 31 Oktober 2012


Astaghfirulloh robbal baroya
astaghfirulloh minal khotoya
robbi zidni ilman naafia
wa wa fiq ni amalan sholiha

duh gusti Allah
nyuwun ngapuro
sekatahipun duso kawulo
lan dusanipun muslimin sedoyo
lan dusanipun mukminin sedoyo
utaminipun tiang sepah kulo

----------------------------
ya rosulalloh salamun alaik
ya rofi asa ni wa daroji
atfatayaji rottal alami
ya uhai laljudi wal karomi

sopo sing seneng dzikir lan ngaji
moko uripe bakale aji
ono ndunyane kecukupan rizki
nang akhirate disayang ilahi
mlebu nang suwargo bareng kanjeng nabi

ibadah sholat cagake agomo
sing diwajibno dining gusti Allah
kanggo kito poro manungso
sing gelem gelem nglakoni
uripe mulyo
ing akhirate mlebu nang suwargo
----------------------------
siapa yang cinta pada nabinya
siapa yang takdim pada rosulnya
pasti dibela di akhiratnya
mudah hidupnya lancar rizkinya
lunas hutangnya

-------------------------------
sholli wa sallim da iman al alhmada
wal ali wal ashabi man qod wahada

wong kang seneng nabi mesti disayangi
urip lan dunyane mesti dirohmati
kabeh kebutuhane bakal dicukupi
sok ing akhirate mesti disyafaati

wong kang seneng ngaji ilmune ditambahi
panjang umur ugo pinaringan rizki
akeh dulur sarto ganjaran diloberi
dunyo akhirate angsal ridho ilahi

muslimin muslimat monggo sami taubat
pados ilmu kang manfaat
kangge sangu ing akhirat
supoyo uripe tansah angsal nikmat

moco Qur'an ojo lali
moco sholawat ditambahi
istighfare rino wengi
isnyaallah iso mukti
ndunyo akhirate angsal ridho ilahi
--------------------------------
rambute wes putih
tondo arepe muleh
mripate wes bawur
wes cedak alam kubur
pipine wes kendor
bakal mujur ngalor
untune wes ompong
pancen wayah digotong

loro gak iso tangi
tondo arepe mati
untune wes entek
alamat kate ....
kulite wes udar
diluk engkas ....
ngomong wis ora ceto
alamat kate ...

warga tanjung rejo
podo apik atine
saben dinane
ora nglalek ake
anggone ibadah
marang pangerane
mugo mugo kabeh akeh rejekine
iso lungo haji sak anak putune
 ---------------------------
(by : K.H. Anwar Zahid)

3 komentar: